3. padha miliha putrane gustinira kang utama lan kang sembada dhewe banjur lenggahna ing dhampare kang rama, nuli peranga mbelani kulawargane gustinira.”
4. Nanging wong mau padha banget wedine sarta pangucape: “Lah wong ratu loro iku bae ora kuwat nandhingi panjenengane, kapriye anggon kita bisa nandhingi?”
5. Awit saka iku panggedhening kraton lan panggedhening kutha, lan uga para pinituwa sarta para pamomong padha kongkonan munjuk marang Sang Prabu Yehu: “Kawula sadaya punika abdi dalem sarta sadaya dhawuh dalem badhe sami kawula lampahi. Kawula boten sami badhe njumenengaken sinten kemawon dados ratu. Sumangga, panjenengan dalem karsaa nindakaken punapa ingkang kagalih prayogi.”
6. Sawuse mangkono Sang Prabu Yehu nuli damel serat kang kaping pindhone marang wong-wong mau, surasane: “Manawa sira padha mbiyantu ingsun lan padha gelem ngestokake dhawuhingsun, mara sira padha sowana marang ngarsaningsun nggawa sirahe para putrane gustinira, sesuk watara wayah mangkene menyang ing Yizreel.” Anadene para raja-putra pitung puluh iku padha ana ing panggonane para panggedhe ing kutha kono, kang padha nggulawentah.
7. Kacarita bareng layang iku wus ditampani dening wong-wong mau, banjur padha nyekel para raja-putra pitung puluh mau, padha disembelehi, sirahe padha diwadhahi ing kranjang nuli dikirimake konjuk marang Sang Prabu Yehu menyang ing Yizreel.
8. Bareng kongkonan iku seba ngunjuki uninga: “Sirahipun para raja-putra sampun sami kaladosaken.” Sang Prabu Yehu nuli dhawuh: “Kabeh iku dokoken dadi rong tumpuk ana ing sangarepe gapura nganti sesuk.”