2 Korinta 9:13-15 Kitab Sutji (JAV)

13. Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awit saka sumuyuding panganggepmu marang Injile Sang Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab anggonmu ngedum samubarang karo wong-wong iku lan karo wong kabeh.

14. Sarta maneh kowe iya padha didongakake lan dikangeni marga saka sih-rahmate Gusti Allah kang lumuber marang kowe.

15. Puji sokur konjuk marang Gusti Allah marga saka sih peparinge kang ora kena winirasa iku!

2 Korinta 9