2 Korinta 9:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Dene bab leladen marang para suci ora susah aku nulis maneh marang kowe.

2. Sabab aku wus sumurup mungguh legawaning atimu, mulane kowe padha dakalembana ana ing ngarepe wong Makedhonia. Tembungku: “Akhaya wus cecawis wiwit taun kang kapungkur.” Lan kasregepanmu wus dadi pangatag-atag tumrap wong akeh.

3. Nanging anggonku kongkonan sadulur-sadulur iku supaya pangalembanaku marang kowe aja nganti tinemu tanpa guna, nanging supaya tetelaa anggonmu nyata-nyata cecawis kaya kang wus dakkandhakake,

2 Korinta 9