2 Korinta 1:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasule Sang Kristus Yesus, lan saka Timoteus sadulur kita, marang pasamuwaning Allah ing Korinta karo sakabehing won suci ing sawrtanin tanah Akahya.

2. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

3. Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur,

4. kang nglipur aku kabeh ing sajroning kasusahanku, satemah aku bisa nglipur wong-wong kang nandhang sarupaning kasusahan kanthi panglipur peparinge Gusti Allah marangaku dhewe.

2 Korinta 1