30. Sang Prabu Suleman anggone jumeneng ana ing Yerusalem ngratoni wewengkone Israel kabeh iku lawase patang puluh taun.
31. Sang Prabu Suleman banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang rama. Pangeran Rehabeam, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.