2 Babad 8:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wis rong puluh taun, sarampunge anggone yasa Padalemaning Yehuwah lan kratone piyambak,

2. Sang Prabu Suleman banjur nyantosani kutha-kutha kang dipasrahake dening Sang Prabu Huram marang panjenengane, sarta dhawuh marang wong Israel supaya padha manggon ing kono.

3. Sang Prabu Suleman nuli nglurug menyang ing Hamat-Zoba, kang banjur ditelukake.

4. Sawuse mangkono Sang Nata nyantosani Tadmor kang ana ing pasamunan lan sakehe kutha pasimpenan, kang kaedegake ana ing Hamat.

5. Uga Bet-Horon Tengger lan Bet-Horon Lebak disantosani kadadekake kutha beteng kang kinubengan ing tembok, mawa gapura lan slarak,

6. lan uga Baalat sarta sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, sakehe kutha panggonane wadya-bala kretan tuwin kutha-kutha panggonane wadya-bala jaranan lan apa bae kang dikarsakake dening Sang Prabu Suleman supaya didegake ana ing Yerusalem, ing gunung Libanon, utawa ing sakehe nagara kang dikwaosi.

2 Babad 8