2 Babad 32:32-33 Kitab Sutji (JAV)

32. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Hizkia lan pandamel-pandamele kang nelakake kasetyane, lah iku kabeh katulisan ana ing Wahyune Nabi Yesaya bin Amos, ing layang bab para ratu ing Yehuda lan ing Israel.

33. Sang Prabu Hizkia nuli kepareng aso nunggil karo para leluhure, lan kasarekake ing unggah-unggahan kang anjog ing pasareane para putrane Sang Prabu Dawud. Nalika sedane wong satanah Yehuda kabeh lan para kang manggon ing Yerusalem padha nyaosi pakurmatan marang panjenengane. Pangeran Manasye, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

2 Babad 32