2 Babad 29:31-34 Kitab Sutji (JAV)

31. Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia ngandika: “Saiki sira wus padha nyaosake awakira marang Pangeran Yehuwah. Padha majua lan nggawaa kurban-kurban sembelehan lan kurban-kurban pamuji sokur marang ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Wong sapasamuwan tumuli padha nggawa kurban-kurban sembelehan lan kurban-kurban pepujian; saben wong kang atine lega-lila uga nggawa kurban-kurban obaran.

32. Gunggunge kurban obaran kang digawa dening wong sapasamuwan yaiku: sapi pitung puluh, wedhus gembel lanang satus, lan wedhus enom rong atus. Iku kabeh kanggo kurban obaran kagem Pangeran Yehuwah.

33. Anadene pisungsung-pisungsung suci awujud: sapi nem atus lan wedhus telung ewu.

34. Nanging cacahe imam kesithiken, mulane ora keconggah ngeleti sakehe kurban obaran. Awit saka iku para sadulure, para wong Lewi, mbiyantu nganti sarampunge pagawean lan nganti para imam wus padha nucekake awake. Amarga para wong Lewi iku anggone nucekake awake luwih tumemen tinimbang para imam.

2 Babad 29