1. Pangeran Akhas nalika jumeneng ratu yuswa rong puluh taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Panjenengane ora nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah kayadene Sang Prabu Dawud, rama leluhure,
2. nanging sugenge ngenut lampah-lampahe para ratu ing Israel, malah yasa reca-reca cithakan kanggo para Baal.
3. Sang Prabu uga mbesmi kurban ana ing Lebak Ben-Hinom lan mbesmi para putrane minangka kurban, cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus katundhungan dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.
4. Panjenengane mbesmi kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan lan ana ing papan-papan kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit-witan kang nggrembel.