14. mulane Pangeran Yehuwah bakal ndhatengake wewelak gedhe marang rakyatira, anak-anakira, para bojonira, apadene marang sakehe barang darbekira.
15. Dene sira dhewe bakal nandhang lelara kang nggegirisi, sawijining lelara usus, satemah manawa wis sawetara mangsa ususira bakal metu marga saka lelara iku.”
16. Pangeran Yehuwah banjur nenangi atine wong Filisti lan wong Arab kang manggon cedhak karo wong Etiopia supaya padha nglawan Sang Prabu Yoram.
17. Iku nuli padha nglurug nglawan Yehuda, padha lumebu mrono lan ngusungi sakehe barang darbe kang tinemu ana ing kratone Sang Prabu, minangka jarahan, uga para putra lan para garwane, satemah ora ana putra siji bae kari kajaba Pangeran Yoas, putrane kang wuragil.