2 Babad 20:19-26 Kitab Sutji (JAV)

19. Wong Lewi saka bani Kehat lan bani Korakh banjur padha ngadeg lan ngrepekake kidung pamuji kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel kalawan swara kang seru banget.

20. Esuke uthuk-uthuk wus padha lumebu menyang ing pasamunan ing Tekoa. Nalika arep padha mangkat, Sang Prabu Yosafat jumeneng lan ngandika: “Padha ngrungokna, he Yehuda lan wong Yerusalem! Sira padha pracayaa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, lan sira bakal padha tetep santosa! Padha pracayaa marang para nabine lan sira bakal padha oleh gawe!”

21. Bareng wus mundhut pamrayogane rakyat, Sang Prabu banjur ngangkat wong kang bakal padha ngrepekake kekidungan kagem Pangeran Yehuwah sarta memuji marang Pangeran Yehuwah kalawan nganggo sandhangan suci kang mencorong, nalika padha lumaku ana ing ngarepe wong kang padha sikep gegaman, kalawan celathu:“Padha ngrepekna kidung panuwun kagem Sang Yehuwah awit sih-susetyane iku langgeng ing salawase!”

22. Bareng padha wiwit surak-surak lan ngrepekake kidung pepujian, Pangeran Yehuwah banjur karya wadya-bala cegatan tumrap bani Amon lan bani Moab, sarta para wong kang saka ing pagunungan Seir, kang padha arep nempuh Yehuda, satemah padha disorake.

23. Bani Amon lan bani Moab banjur nempuh wong kang padha manggon ing pagunungan Seir, arep ditumpes lan disirnakake. Sawuse nyirnakake wong Seir, tumuli padha paten-pinatenan dhewe.

24. Bareng wong Yehuda teka ing papan pagunungan ing pasamunan, banjur padha ngawasake panggonaning wadya-bala, lah katon wus padha dadi bangke kabeh pating glethak ana ing bumi, ora ana kang bisa oncat.

25. Sang Prabu Yosafat sawadya-balane nuli mandhap lan njarah-rayah barang-barange. Padha oleh raja-kaya, raja-brana, sandhangan lan barang-barang kang pengaji. Kang kajarah iku kehe ngluwihi kang bisa digawa. Telung dina suwene anggone padha njarah-rayah barang-barang mau, marga saka akehe.

26. Ing dina kang kaping pate padha nglumpuk ana ing Lebak Pangalembana. Ana ing kono padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, mulane panggonan mau kaaranan Lebak Pangalembana nganti tekan saiki.

2 Babad 20