2 Babad 20:1-17 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse iku bani Moab lan bani Amon nglurug perang nglawan Sang Prabu Yosafat, bebarengan karo wadya-bala bangsa Meunim sabregada.

2. Nuli ana wong kang ngaturi uninga marang Sang Prabu Yosafat: “Wonten wadya-bala ageng ingkang dhateng saking sabrangipun Seganten Asin, saking Edom, ingkang nglurugi gusti kawula. Sapunika wonten ing Hazezon-Tamar,” yaiku En-Gedi.

3. Sang Prabu Yosafat dadine ajrih lan banjur mutus arep ngupaya Pangeran Yehuwah sarta ngundhangake pasa ing satanah Yehuda kabeh.

4. Wong Yehuda tumuli padha nglumpuk sumedya nyuwun pitulunganing Yehuwah, padha teka saka ing sakehe kutha ing Yehuda arep ngupaya Pangeran Yehuwah.

5. Sang Prabu Yosafat banjur jumeneng ana ing satengahe pasamuwane wong Yehuda lan Yerusalem ana ing padalemaning Yehuwah, ana ing sangarepe plataran kang anyar

6. sarta munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun leluhur kawula sadaya, Paduka punapa sampun boten jumeneng Gusti Allah wonten ing swarga? Paduka punapa sanes ingkang ngwaosi sadaya karajaning bangsa? Paduka ingkang kadunungan pangwaos saha kakiyatan, satemah boten wonten tiyang ingkang keconggah nglawan Paduka.

7. Punapa Paduka sanes Gusti Allah kawula sadaya ingkang nundhungi para tiyang ingkang sami manggen ing tanah ngriki saking ing ngajenging umat Paduka Israel saha lajeng maringaken tanah wau dhateng tedhakipun Eyang Abraham mitra Paduka, kangge ing salami-laminipun?

8. Satemah lajeng sami ngenggeni tanah punika saha ngyasakaken papan pasucen dhumateng Paduka kagem asma Paduka, punapadene unjukipun:

9. Menawi kawula sami katempuh ing bilai, inggih punika pedhang, wewelak, pageblug utawi pailan, kawula sami badhe ngadeg wonten ing ngajenging padaleman punika, wonten ing ngarsa Paduka, amargi asma Paduka dedunung wonten ing padaleman punika, saha ing salebeting karupekan kawula sami badhe sesambat dhumateng Paduka, ngantos Paduka karsa midhangetaken sarta lajeng ngluwari kawula sadaya.

10. Dene sapunika, lah punika bani Amon tuwin bani Moab sarta para tiyang saking ing pareden Seir! Nalika tiyang Israel dhateng saking tanah Mesir, Paduka boten marengaken sami lumebet ing nagarinipun. Awit saking punika lajeng dipun tebihi saha boten dipun sirnakaken.

11. Lah minangka piwales tiyang-tiyang punika sami dhateng tuwin badhe ngesahaken kawula sadaya saking ing tanah pusaka ingkang sampun Paduka warisaken dhumateng kawula sadaya.

12. Dhuh Allah kawula, punapa Paduka boten badhe paring paukuman dhateng tiyang-tiyang punika? Awit kawula sami boten gadhah kakiyatan kangge nanggulangi wadya-bala ingkang ageng, ingkang badhe nempuh kawula sadaya punika. Kawula sami boten sumerep, punapa ingkang kedah sami kawula lampahi, nanging mripat kawula tumenga dhumateng Paduka.”

13. Ing nalika iku wong Yehuda kabeh padha ngadeg ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, dalah brayate kalawan anak bojone kabeh.

14. Ing kono Yahaziel bin Zakharia bin Benaya in Matanya, wong Lewi saka turune Asaf, banjur katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah ana ing satengahe pasamuwan,

15. lan nguwuh-uwuh: “Sami mirengna, dhuh para sadherek ing Yehuda sadaya tuwin para ingkang manggen ing Yerusalem saha Gusti kawula Sang Prabu Yosafat; makaten pangandikaning Yehuwah dhumateng panjenengan sadaya: Sira aja padha wedi lan aja padha giris marang bala kang gedhe iki, amarga dudu sira, nanging Gusti Allah kang bakal perang.

16. Sesuk sira padha medhuna, mapagna marang wong-wong iku. Iku bakal padha munggah menyang ing unggah-unggahan ing Zis sarta sira bakal padha katemu karo wong-wong iku ana ing pungkasaning lebak ing sangarepe pasamunan Yeruel.

17. Ing sajroning peperangan iki sira ora usah padha perang. He Yehuda lan Yerusalem, padha ngadega bae ana ing papanira, lan padha ndelenga kepriye anggone Pangeran Yehuwah paring kaunggulan marang sira. Sesuk sira padha mapagna wong-wong iku, Pangeran Yehuwah bakal nunggil kalawan sira kabeh.”

2 Babad 20