2 Babad 18:30-32 Kitab Sutji (JAV)

30. Anadene ratu ing nagara Aram wis paring dhawuh marang para panggedhening wadya-bala kretan, mangkene: “Sira aja padha merangi sadhengah wong, nanging ngemungna nglawan perang ratune bangsa Israel bae.”

31. Bareng para tetindhihing wadya-bala kretan ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur enggal padha ngucap: “Iku ratu Israel!” Sang Prabu Yosafat nuli dikepung arep ditempuh, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh lan Pangeran Yehuwah tumuli paring pitulungan marang panjenengane. Gusti Allah ngundurake para tetindhih mau saka ing panjenengane.

32. Bareng iku padha sumurup, manawa dudu Sang Nata ing Israel, nuli padha mundur saka ing ngarsane.

2 Babad 18