2 Babad 18:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Unjuke Nabi Mikha: “Kawula sampun ningali wadya-bala Israel sami pating slebar sadaya wonten ing redi-redi kadosdene menda ingkang boten wonten pangenipun, milanipun Sang Yehuwah ngandika: Wong iku ora padha duwe gusti. Awit saka iku kareben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kalawan slamet.”

17. Sang Nata ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhateng panjenengan: Boten nate tiyang punika memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung bab bilai thok?”

18. Unjuke Nabi Mikha: “Pramila paduka mugi karsaa midhangetaken pangandikaning Yehuwah. Kawula ningali Pangeran Yehuwah lenggah ing dhamparipun sarta wadya-bala ing swarga sami ngadeg sadaya ing sakiwa tengenipun.

19. Pangeran Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab, ratu ing Israel, supaya nglurug perang lan banjur tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satungal munjuk makaten, satunggalipun munjuk makaten.

20. Lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng saha lajeng ngadeg wonten ing ngarsaning Yehuwah sarta munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Sang Yehuwah ndangu: Sarana apa?

21. Atur wangsulanipun: Kawula badhe kesah lan dados roh doracara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira ngrimuka dheweke, sira bakal oleh gawe. Sira mangkata lan nglakonana mangkono!

22. Dene sapunika, lah Pangeran Yehuwah sampun nganjingaken roh doracara wonten ing cangkemipun para nabi paduka, awit Pangeran Yehuwah sampun mutus badhe ndhawahaken bilai dhumateng paduka.”

23. Ing kono Zedhekia bin Kenaana banjur maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap mangkene: “Kepriye bisane tumindak, Rohe Sang Yehuwah kok pindhah saka aku lan banjur mangandikani kowe?”

2 Babad 18