2 Babad 17:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yosafat, kang putra, jumeneng ratu nggentosi panjenengane. Sarehne jumeneng dadi panuntuning Israel, Sang Prabu banjur ngudi supaya santosa;

2. saben kutha-beteng ing Yehuda didekeki wadya-bala lan ing tanah Yehuda sarta ing kutha-kutha ing Efraim kang wus karebat dening Sang Prabu Asa, kang rama, didekeki wadya-bala pendhudhukan.

3. Anadene Pangeran Yehuwah nunggil karo Sang Prabu Yosafat, amarga sugenge ngambah ing margine Sang Prabu Dawud, leluhure, tuwin ora ngupaya marang Baal,

4. nanging ngupaya marang Gusti Allahe kang eyange mau, sarta nglampahi pepakene apadene ora tumindak kaya Israel.

2 Babad 17