2 Babad 15:17-19 Kitab Sutji (JAV)

17. Sanadyan tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake saka ing Israel, nanging panggalihe Sang Prabu Asa ing sajege sugenge mantep ing pamadhepe.

18. Panjenengane nglebetake pisungsung-pisungsunge suci kang rama lan pisungsung-pisungsunge suci piyambak marang ing padalemaning Allah, yaiku emas, selaka lan barang-barang liyane.

19. Nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh limane paprentahane Sang Prabu Asa ora ana perang.

2 Babad 15