10. Iku padha nglumpuk ana ing Yerusalem ing sasi kang katelu ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Asa.
11. Ing dina iku wong-wong padha ngunjukake marang Pangeran Yehuwah sapi pitung atus lan wedhus pitung ewu saka jarahan kang kagawa mulih.
12. Padha nganakake prajanjian arep ngupaya Sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure kalawan gumolonging ati lan gumulonging nyawane.
13. Saben wong, bocah utawa wong diwasa, lanang utawa wadon, kang ora ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kudu diukum pati.
14. Padha sumpah bakal setya marang Sang Yehuwah kalawan swara sora, kambi surak-surak sarta karo ngunekake nafiri lan kalasangka.