9. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken kiyating janji Paduka dhumateng bapa kawula Dawud, amargi kawula sampun Paduka jumenengaken dados ratuning bangsa, ingkang kathahipun kados lebuning siti.
10. Paduka sapunika mugi karsaa paring kawicaksanan saha kawasisan, supados kawula saged mlebet medal dados panuntuning bangsa punika, awit sinten ingkang saged ngakimi bangsa ingkang ageng punika?”
11. Paring pangandikaning Allah marang Sang Prabu Suleman: “Ing sarehne iku kang sira karepake, lan sira ora nyuwun kasugihan, raja-brana, kamulyan utawa patining wong kang sengit marang sira, lan uga ora nyuwun umur dawa, nanging kosok baline sira nyuwun kawicaksanan lan kawasisan supaya bisa ngakimi umatingSun, kang wus Sunpitayakake marang sira minangka ratune,
12. mulane kawicaksanan lan kawasisan iku kaparingake marang sira; kajaba saka iku sira Sunparingi kasugihan, raja-brana lan kamulyan, kang durung tau kadarbe dening para ratu sadurunge sira sarta ora bakal ana ratu sawuse sira kang ndarbeni iku.”
13. Sang Prabu Suleman nuli tindak saka ing tengger pangurbanan ing Gibeon, saka ing ngarepe Tarub Pasewakan, kondur menyang ing Yerusalem sarta banjur ngasta paprentahan ing Israel.
14. Sang Prabu Suleman tumuli nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh padha kapanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.