1. Sang Prabu Suleman, putrane Sang Prabu Dawud, anggone jumeneng nata wus santosa; Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan panjenengane lan ndadosake pangwaose ngedab-edabi.
2. Sang Prabu Suleman paring dhawuh marang wong Israel kabeh, marang para panggedhene wadya-bala sewu lan wadya-bala satus, marang para hakim lan marang sakehe pemimpin ing saindenging tanah Israel, yaiku para lelurahing kulawangsa.
3. Sang Prabu Suleman banjur tindak menyang ing tengger pangorbanan ing Gibeon kadherekake dening wong sapasamuwan mau kabeh, amarga ana ing kono dununge Tarub Pasewakaning Allah yasane Nabi Musa, abdining Yehuwah, ana ing pasamunan.
4. -- Nanging Sang Prabu Dawud wus mboyong pethining Allah saka Kiryat-Yearim menyang ing papan kang wus kacawisake, -- sabab panjenengane wus ngyasakake tarub ana ing Yerusalem.