1 Yokanan 1:6-9 Kitab Sutji (JAV)

6. Saupama kita padha ngaku tetunggalan karo Panjenengane, mangka laku kita ana ing pepeteng, dadi kita goroh lan ora nglakoni ing kayekten.

7. Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.

8. Saupama kita padha ngaku ora duwe dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan kayekten.

9. Manawa kita padha ngakoni dosa kita, Panjenengane iku setya tuhu lan adil, temah bakal ngapura sakehing dosa kita, sarta ngresiki sakehing piala kita.

1 Yokanan 1