1 Tesalonika 4:16-18 Kitab Sutji (JAV)

16. Awit samangsa ana tengara, yaiku samangsa malaekat pangedhe nguwuh-uwuh sarta kalasangkaning Allah kaunekake, ing kono Gusti piyambak bakal tumedhak saka ing swarga, lan wong-wong kang ngajal ana ing Sang Kristus bakal padha tangi dhisik.

17. Sawise mangkono kita kang isih urip, kang isih kari, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi mau ana ing mega, methukake Gusti menyang ing awang-awang. Mangkono sabanjure kita bakal nunggal kalawan Gusti ing salawase.

18. Mulane kowe padha lipur-linipura kalawan tembung-tembung iki.

1 Tesalonika 4