5. Garwane Sang Dawud karo pisan uga katut katawan, yaiku: Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, lan Abigail randhane Nabal wong ing Karmel.
6. Lan Sang Dawud wis kepepet banget, amarga balane wis padha rasanan arep mbenturi watu. Wong kabeh padha susah banget atine, jalaran saka bojone lan anake lanang-wadon. Nanging Sang Dawud nyantosakake piandele marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe.
7. Sang Dawud banjur dhawuh marang Imam Abyatar bin Akhimelekh: “Efodipun sampeyan bekta mriki.” Imam Abyatar banjur ngaturake Efode marang Sang Dawud.
8. Sang Dawud banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Kawula punapa Paduka karsakaken mbujeng grombolan punika? Punapa kawula saged nututi?” Lan Panjenengane ngandika marang Sang Dawud: “Burunen, awit sira mesthi bakal bisa nututi wong-wong iku lan ngluwari para kang padha katawan.”
9. Sang Dawud banjur bidhal kadherekake bala wong nem atus, lakune wus padha tekan ing kali Besor; balane salong ana kang kari ana ing kono.
10. Sang Dawud anggone ngoyak katerusake didherekake bala wong patang atus. Wong rong atus kang wis sayah banget, nganti ora bisa nyabrang ing kali Besor, padha kari ana ing kono.
11. Sawuse mangkono wong-wong padha mrangguli wong Mesir ana ing ara-ara; iku nuli disowanake marang ngarsane Sang Dawud. Wong iku diwenehi roti banjur mangan nuli diwenehi ngombe banyu,
12. apadene diwenehi kuwih anjir sairis, lan kuwih kismis rong emplek; sawise mangan banjur katon waras maneh, amarga mentas ora mangan lan ora ngombe sajrone telung dina telung bengi.
13. Sang Dawud nuli ndangu marang wong mau: “Kowe iku bature sapa lan pinangkamu saka ing ngendi?” Wangsulane wong mau: “Kula punika tiyang nem-neman saking Mesir, rencangipun tiyang Amalek. Kula dipun tilar bendara kula, amargi tigang dinten kepengker kula lajeng sakit.
14. Kula mentas sami nggepuk Tanah Negeb gadhahanipun tiyang Kreti tuwin daerah Yehuda saha Tanah Negeb Kaleb, lan Ziklag sampun kula besmi ngantos telas.”
15. Sang Dawud ndangu maneh: “Apa kowe bisa nuduhake dalane menyang panggonane grombolan iku?” Ature wong mau: “Sumangga panjenengan supaos atas asmanipun Sang Yehuwah agesang, bilih panjenengan boten badhe mejahi kula saha masrahaken badan kula dhateng bendara kula, kula lajeng badhe nedahaken panggenanipun grombolan punika.”
16. Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.
17. Lan esuke Sang Dawud nggecak wong-wong iku wiwit esuk umun-umun nganti tekan suruping srengenge; ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kejaba wong nom-noman patang atus kang bisa mlayu nunggang unta.
18. Sang Dawud ngluwari kabeh, apa kang dirampas wong Amalek mau; garwane Sang Dawud karo pisan uga kaluwaran.
19. Ora ana kang kecicir, wiwit barang kang remeh tumeka kang gedhe, dalasan anak-anake lanang wadon; barang jarahan lan sapanunggalane kang wus dirampas wong-wong mau; kabeh iku kagawa bali dening Sang Dawud.
20. Sang Dawud ngrebat sakehing wedhus lan sapi; kabeh padha digiring ana ing ngarsane kalawan nguwuh: “Iki jarahane Sang Dawud.”
21. Bareng Sang Dawud rawuh ing panggonane wong rong atus kang padha kesayahen ndherekake Sang Dawud, lan kang diparengake kari ana ing sacedhake kali Besor, wong iku padha metu methukake rawuhe Sang Dawud lan wong kang padha ndherek. Sang Dawud banjur marepeki wong-wong iku sarta uluk salam.