13. Sang Dawud nuli ngandika marang balane: “Kowe kabeh padha nyengkelita pedhang!” Nuli padha nyengkelit pedhang; Sang Dawud piyambak uga nyengkelit pedhange. Ing wektu samana ana wong watara patang atus kang padha ndherekake Sang Dawud nglurug, dene kang rong atus padha kari tunggu barang-barange.
14. Nanging Abigail, somahe Nabal, diwartani dening salah sawijining bature, pangucape: “Kauningana, Sang Dawud mentas utusan tiyang saking pasamunan ngaturi wilujeng dhateng bendara kula, nanging malah dipun ungel-ungeli awon.
15. Mangka tiyang-tiyang punika sami sae sanget tandukipun dhateng kula sadaya, sami boten ngarubiru kula lan kula sami boten kecalan punapa-punapa salaminipun kula sami sesrawungan kaliyan tiyang-tiyang punika wonten ing pangenan.
16. Tiyang-tiyang punika sami prasasat pager tembok ing sakubeng kula rinten dalu, salaminipun kula sami ngengen menda wonten ing sacelakipun.