1 Samuel 23:26-28 Kitab Sutji (JAV)

26. Sang Prabu tindak saka ing sisih kenene gunung, dene Sang Dawud lan balane saka ing sisih kanane gunung, Sang Dawud enggal-enggal sumingkir, nanging Sang Prabu Saul sabalane wis meh ngepung Sang Dawud sabalane lan wus arep bisa nyekel,

27. jebul banjur ana wong kang sowan ngaturi pirsa marang Sang Prabu: “Panjenengan dalem mugi enggal karsaa kondur, amargi tiyang Filisti sampun nempuh negari.”

28. Sang Prabu kapeksa kendel anggone nguber-uber Sang Dawud lan tindak mapagake wong Filisti. Iku jalarane panggonan kono banjur diarani: Paranging Pangluwaran.

1 Samuel 23