8. Sang Dawud ngandika marang Imam Akhimelekh: “Ing ngriki panjenengan punapa boten kagungan waos utawi pedhang? Amargi pedhang utawi dedamel kula boten kula bekta, amargi dhawuhipun Sang Prabu sarwi dadakan.”
9. Ature imam mau: “Pedhangipun Goliat tiyang Filisti ingkang panjenengan pejahi wonten ing Lebak Wit-Ela punika ingkang wonten ing ngriki, kaluruban ing sinjang, ing sawingkingipun efod punika. Manawi badhe panjenengan asta, mangga kula aturi mundhut; sanesipun boten wonten, namung punika.” Pangandikane Sang Dawud: “Boten wonten ingkang nyameni punika, pundi panjenengan paringaken dhateng kula.”
10. Sang Dawud nuli tata-tata lan banjur mangkat ing dina iku uga ngungsi saka ing ngarsane Sang Prabu Saul; tindake wus rawuh ing wewengkone Prabu Akhis, ratu-kutha ing Gat.
11. Para punggawane Prabu Akhis matur marang gustine: “Punapa punika sanes Dawud ratunipun nagari punika? Punapa punika sanes tiyangipun ingkang kangge sesindhenan saur-sauran kaliyan jejogedan makaten:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud nganti puluhan ewon?”