1 Samuel 21:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Senapati Dawud rawuh ana ing Nob murugi Imam Akhimelekh. Imam iku methukake Sang Dawud kanthi kaget, ature marang panjenengane: “Punapaa rawuh panjenengan kok piyambakan lan boten wonten ingkang ndherekaken?”

2. Wangsulane Sang Dawud marang Imam Akhimelekh: “Kula dipun paringi ayahan dening Sang Prabu kanthi piweling: Sapa-sapaa ora kena nyumurupi prakara kang dadi perlune sira sunutus lan kang sunbubuhake marang sira iku. Milanipun tiyang-tiyang kula sami kula ken dhateng wonten ing satunggaling panggenan.

3. Dene sapunika panjenengan kagungan punapa? Kula panjenengan sangoni roti gangsal iji utawi punapa kemawon ingkang wonten.”

4. Wangsulane Imam Akhimelekh marang Sang Dawud: “Kula boten gadhah roti limrah, ingkang wonten namung roti sengkeran; anggeripun tiyang-tiyang panjenengan sami cegah nggepok tiyang estri.”

1 Samuel 21