3. Kowe aja tansah umuk-umukan,aja ana panyenyamah kang kawetu saka ing cangkemmu.Amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang mahawikan,lan kabeh panggawemu dinadar ing Panjenengane.
4. Gandhewane para prawira wis putung,nanging para wong kang gloyoran lambunge disingseti klawan karosan.
5. Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan,nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso.Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu,nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.
6. Sang Yehuwah iku ngganjar pati-urip,Panjenengane nyemplungake wong marang ing jagade wong mati lan ngentas saka ing kono.
7. Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih,Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.
8. Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu,lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan,kalungguhane jajar karo para bangsa luhur,lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya.Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi;lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.
9. Jangkahe wong kang kinasihan diayomi,nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng.Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.
10. Wong kang bebantahan kalawan Sang Yehuwah bakal padha disirnakake;padha didadekake gumeter dening Panjenengane kalawan gludhug ing langit.Sang Yehuwah ngadili bumi nganti tekan ing poncot-poncote;Panjenengane maringi karosan marang ratu kang dijumenengake,lan ngunggulake sunguning karosane wong kang dijebadi.”
11. Elkana banjur mulih menyang Rama, nanging bocahe ngabdi marang Sang Yehuwah, diawat-awati Imam Eli.
12. Anadene putra-putrane Imam Eli iku padha wong dursila, padha ora maelu marang Sang Yehuwah,
13. utawa watesing wewenange para imam tumrap para bangsa iku. Saben ana wong nyaosake kurban sembelehan, nalika daging mau diolah, bature imam nggawa cukit kang cawang telu,
14. lan dijojohake ing kenceng, kuwali, wajan utawa kendhil. Apa kang katut ing cukit iku dadi darbeke imam dhewe. Kaya mangkono panggawene marang saben wong Israel, kang teka ana ing Silo kono.
15. Malah sadurunge gajihe diolah, bature imam iku teka lan kandha marang kang saos kurban: “Ngaturana daging marang imam, arep dipanggang, amarga karsane mundhut daging kang durung diolah, mung kang mentah bae.”
16. Manawa diwangsuli: “Gajihipun rak kedah dipun panggang rumuyin, manawi sampun sumangga mendheta sakajeng sampeyan,” batur mau tumuli mangsuli: “Saiki uga kudu kokulungake, yen ora, bakal dakrebut.”
17. Dadi dosane wong anom loro iku gedhe banget ana ing ngarsane Sang Yehuwah, amarga banget nyepelekake kurban, kang katur marang Sang Yehuwah.
18. Anadene Samuel ngabdi ana ing ngarsane Sang Yehuwah; Samuel iku isih bocah, kang asabuk efod lena.
19. Saben taun embokne nggawekake jubah cilik lan digawa diwenehake marang Samuel, manawa melu bojone munggah nyaosake kurban sembelehan taunan.
20. Imam Eli banjur paring berkah marang Elkana sarta rabine, pangandikane: “Muga-muga Sang Yehuwah maringi turun marang kowe saka wong wadon iki, minangka lirune kang wis kasaosake marang Sang Yehuwah.” Sawuse iku padha bali mulih menyang ing padunungane.
21. Lan Sang Yehuwah nggalih marang Hana, satemah ngandhut lan nglairake anak lanang telu lan wadon loro maneh. Ing wektu samana wong anom Samuel saya mundhak gedhe ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
22. Imam Eli wis sepuh banget. Manawa mireng pawarta mungguh apa-apa kang ditindakake putra-putrane tumrap sakehing wong Israel lan padha ngemori turu para wong wadon kang ngladeni ana ing ngarep lawanging Kemah Pasewakan,
23. banjur padha dipangandikani: “Yagene kowe padha nglakoni prakara kang kaya mangkono temah aku krungu saka wong sabangsa kabeh, mumgguh panggawemu kang ala iku.