4. Pangeran Yonatan ngrucat pangagemane lan kaparingake marang Dawud dalah pangagemane perang tumeka pedhang, panahe lan sabuke.
5. Dawud mangsah perang lan tansah unggul, menyanga ngendi bae anggone kautus dening Sang Prabu Saul, mula banjur kawisudha dadi tetindhihe prajurit. Bab iku kaanggep becik dening kawula kabeh lan para punggawane Sang Prabu Saul.
6. Nanging nalika padha mulih, sabaline Dawud saka anggone ngasorake wong Filisti iku, para wong wadon saka sakehe kutha ing Israel, padha methuk rawuhe Sang Prabu Saul karo padha sesindhenan lan jejogedan kalawan ngunekake trebang, padha suka pari suka sarta kalawan nabuh triwilah.
7. Lan wong wadon kang padha jejogedan iku padha sesindhenan saur-sauran, tembunge:“Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewon,nanging Sang Dawud puluhan ewon.”
8. Sang Prabu Saul muntab dukane luwih dening banget; tetembungan iku nuwuhake renguning galihe, amarga pangunandikane: “Marang Dawud disindhenake mateni puluhan ewon, nanging tumrap ingsun mung ewon, wekasane keprabon bakal tumiba marang dheweke.”
9. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Sang Prabu tansah sanggarunggi marang Sang Dawud.