1 Samuel 17:25-29 Kitab Sutji (JAV)

25. Pangucape wong Israel iku: “Apa kowe wis tau tumon wong kang maju iku? Sanyatane anggone maju iku prelu ngala-ala wong Israel! Wong kang bisa ngalahake dheweke bakal kaparingan ganjaran gedhe, arep ditrimani putrane putri Sang Prabu lan kulawargane bakal ora susah mbayar pajeg ana ing Israel.”

26. Dawud banjur kandha marang wong kang padha ana ing sandhinge: “Badhe tampi ganjaran punapa tiyang ingkang saged ngawonaken tiyang Filisti punika lan ngicali kalingsemanipun bangsa Israel? Sinten ta tiyang Filisti ingkang boten tetak punika, dene ngantos kamipurun nyepelekaken barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang?”

27. Rakyat iya banjur mangsuli nganggo tembung kang kasebut ing dhuwur mau: “Iku kang bakal kaganjarake marang wong kang ngalahake dheweke.”

28. Nalika Eliab, kakangne kang tuwa dhewe, krungu tembunge Dawud marang para wong iku, Eliab nepsu marang Dawud, karo muni: “Apa perlune kowe teka mrene? Lan wedhusmu kang mung loro telu kang ana ing pasamunan iku kokpasrahake sapa? Aku ngreti watakmu bab kadukwanimu lan alaning atimu: tekamu mrene iki rak mung arep nonton perang ta?”

29. Nanging Dawud mangsuli: “Aku iki ngapa ta? Aku rak mung takon ta?”

1 Samuel 17