12. Nabi Samuel wungu ing wayah bangun esuk sumedya manggihi Sang Prabu Saul, nanging Nabi Samuel diaturi pirsa mangkene: “Sang Prabu sampun tedhak dhateng Karmel kala wau lan sampun ngadegaken tugu pengetan kangge sariranipun; lajeng mengker tindak dhateng ing Gilgal.”
13. Bareng Nabi Samuel kepanggih karo Sang Prabu Saul, pangandikane Sang Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Panjenengan binerkahana dening Sang Yehuwah; kula sampun ngestokaken dhawuhipun Sang Yehuwah.”
14. Nanging Nabi Samuel matur: “Manawi makaten kenging punapa kok wonten pangembeking menda lan pambengahing lembu ingkang kapireng ing kuping kawula?”
15. Wangsulanipun Sang Prabu Saul: “Sadaya punika anggenipun mbekta saking tanah Amalek, amargi para tiyang sami ngeman menda-menda lan lembu-lembu ingkang sae piyambak, niyatipun badhe kangge kurban sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nanging salangkungipun sampun sami kula sirnakaken.”
16. Nabi Samuel ngandika marang Sang Prabu: “Inggih sampun: Kawula badhe ngaturaken pangandikanipun Sang Yehuwah dhumateng kawula kala wau dalu.” Pangandikane Sang Prabu marang Nabi Samuel: “Sumangga kadhawuhna.”
17. Sawuse iku Nabi Samuel matur: “Sanadyan panjenengan dalem piyambak sampun ngakeni alit, rak sampun kajunjung dados pangagengipun para taler Israel? Lan Sang Yehuwah rak sampun njebadi panjenengan dalem dados ratunipun bangsa Israel?