4. Mengkono iku sakehe wong Israel banjur padha krungu kabar, yen Sang Prabu Saul wis ngalahake bala Filisti kang ngejegi, lan awit saka iku wong Israel banjur disengiti dening bangsa Filisti. Wong Israel tumuli dikerigake, didhawuhi ndherek Sang Prabu Saul menyang ing Gilgal.
5. Anadene wong Filisti wis padha ngumpul nedya nglurugi perang nglawan bangsa Israel. Karetane perang telung ewu, bala jaranan nem ewu lan prajurit dharat kehe kaya wedhi ing pinggiring segara, nuli mangkat nglurug lan ngadegake kemah ana ing Mikhmas, ing sawetane Bet-Awen.
6. Bareng bala Israel weruh, yen kejepit -- amarga wong-wong pancen kesuk -- wong-wong nuli padha mlayu ndhelik ing guwa, lowahan watu, gunung parang, erong watu lan ing sumur.