1 Petrus 1:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Petrus rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha neneka kang sumebar ana ing tanah Pontus, Galati, Kapadhokia, Asia-Cilik lan Bitinia,

2. yaiku para pepilihan miturut ing rancanganing Allah, Rama kita sarta kang kasucekake dening Roh, supaya padha mituhua marang Fusti Yesus Kristus lan nampanana kepyuraning rahe. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe mawantu-wantu.

3. Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih-palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati,

4. supaya kia padha tampa warisan kang ora bisa rusak, ora cacad sarta ora bisa alum, kang kasimpen ana ing swarga tumrap kowe kabeh.

1 Petrus 1