1 Para Raja 4:31-34 Kitab Sutji (JAV)

31. Kawicaksanane ngungkuli wong kabeh, ngungkuli Etan, wong ing Ezrahi, ngungkuli Heman, Kalkol lan Darda, anak-anake Mahol, mulane asmane kondhang ana ing antarane sakehing bangsa ing sakubenge.

32. Panjenengane nganggit bebasan telung ewu, lan kidungan sewu lima.

33. Panjenengane nggubah kekidungan bab wit-witan, wiwit wit eres ing pagunungan Libanon nganti wit Hisop kang thukul ing tembok. Panjenengane uga ngandika bab kewan-kewan lan manuk-manuk tuwin bab kewan kang rumangkang sarta bab iwak-iwak.

34. Wong-wong saka sakehing bangsa padha sowan ngrungokake bab kawicaksanane Sang Prabu Suleman, apamaneh Sang Prabu kacaosan bulubekti dening para raja ing bumi, kang wus padha mireng bab kawicaksanane iku.

1 Para Raja 4