16. Bareng Sang Prabu Akhab midhanget, manawa Nabot wus mati, banjur enggal-enggal wungu lan tindak menyang ing kebon anggure Nabot, wong Yizreel iku, arep dipundhut dadi kagungane.
17. Nanging tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Elia, wong Tisbe iku, mangkene:
18. “Sira mangkata, nemanana Akhab, ratu ing Israel kang ana ing Samaria. Wong iku lagi menyang ing kebon anggure Nabot, arep diepek.
19. Sira kandhaa marang dheweke mangkene: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten: Sira wus mateni lan uga wus ngrampas! Sira uga kandhaa marang wong iku: Makaten Pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing panggonane asu ndilati getihe Nabot, ana ing kono uga asu bakal ndilati getihira.”