15. Nuli matur: “Panjenengan dalem piyambak mirsa, bilih ingkang wenang jumeneng ratu punika kawula, tuwin tiyang Israel sadaya ngajeng-ajeng supados kawula jumeneng ratu; nanging wusananipun kalenggahan raja dhumawah ing rayinipun dalem, awit punika katampi saking Pangeran Yehuwah.
16. Lah sapunika, namung panyuwunan satunggal kemawon ingkang kawula aturaken wonten ing ngarsa dalem, mila sampun ngantos boten dipun jurungi panyuwunan kawula punika.” Paring wangsulane Sang Putri: “Matura!”
17. Unjuke Pangeran Adhonia: “Bab punika mugi panjenengan dalem karsaa ngandika dhateng Sang Prabu Suleman, amargi Sang Prabu tamtu boten badhe nduwa pamundhut dalem. Inggih punika supados Abisag, lare estri saking Sunem punika kaparingna dhateng kawula, dados semah kawula.”
18. Sang Putri Batsyeba mangsuli, pangandikane: “Iya becik, bab iki bakal dakrembug karo Sang Prabu.”
19. Sang Putri Batsyeba banjur lumebet marang ing ngarsane Sang Prabu Suleman prelu ngrembag panyuwune Pangeran Adhonia. Sang Prabu nuli methukake kang ibu sarta banjur tumelung nyembah, tumuli lenggah ing dhampar. Sang Prabu nuli dhawuh mundhut kursi kagem lenggah Sang Prameswari Ibu, kang ibu banjur lenggah ing satengene Sang Prabu.
20. Sang Putri tumuli ngandika: “Aku arep ngaturake panyuwunan kang ora sapiraa marang sliramu, aja nganti sliramu nduwa panyuwunanku iku.” Atur wangsulane Sang Prabu: “Mangga, ibu, awit kula boten badhe nduwa pamundhutipun ibu.”
21. Sang Putri ngandika: “Abisag, bocah wadon Sunem iku bok kaparingake marang kamasmu Adhonia, dadia bojone.”
22. Nanging Sang Prabu Suleman nuli matur marang kang ibu: “Punapaa, dene ibu namung mundhut Abisag, lare estri Sunem punika, kangge Adhonia? Bok inggih mundhut kalenggahaning ratu pisan kangge piyambakipun! Punika rak sadherek kula ingkang langkung sepuh, tur ingkang mbiyantu piyambakipun Imam Abyatar saha Yoab, anakipun Zeruya?”
23. Sang Prabu Suleman banjur supaos demi Sang Yehuwah: “Gusti Allah mugi karsaa nandukaken dhateng kula makaten, malah nglangkungana punika, manawi Adhonia boten ngetohaken nyawanipun kangge panyuwunan punika!
24. Awit saking punika, demi Sang Yehuwah ingkang gesang, ingkang njejegaken kula saha ingkang nglenggahaken kula ing dhamparipun Sang Prabu Dawud, rama kula, saha ingkang maringi kula brayat kados ingkang kaprasetyakaken: ing dinten punika ugi Adhonia kedah dipun pejahi.”
25. Sang Prabu Suleman nuli masrahake bab iku marang Sang Benaya bin Yoyadha, kang iya banjur nempuh marang Pangeran Adhonia dadi lan sedane.
26. Anadene Imam Abyatar didhawuhi dening Sang Nata mangkene: “Sira menyanga ing tanah Anatot, ing tanah duwekira, awitdene sanadyan sira iku wus sapantese tampa paukuman, nanging ing dina iki ingsun ora bakal mateni sira amarga sira wus ngusung pethine Sang Yehuwah Allah ana ing ngarsane ramaningsun, Sang Prabu Dawud, lan sira wus ndherek nandhang kasrakatan ing sajrone sakehning kasangsarane ramaningsun.”
27. Imam Abyatar banjur kapecat dening Sang Prabu Suleman saka ing kalenggahane anggone dadi imame Sang Yehuwah, satemah katetepan pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake tumrap turune imam Eli ana ing Silo.
28. Bareng pawarta mau kapireng dening Senapati Yoab -- senapati Yoab iku pancen ngeloni Pangeran Adhonia, sanadyan ora ngeloni Pangeran Absalom -- dadine Sang Yoab banjur mlajeng menyang ing tarube Sang Yehuwah lan nyepeng sunguning misbyah.
29. Sang Prabu Suleman nuli kaunjukan uninga, yen Senapati Yoab wus ngungsi menyang ing tarube Pangeran Yehuwah lan wus ana ing sandhinging misbyah. Sang Prabu Suleman nuli dhawuh marang Sang Benaya bin Yoyadha: “Mangkata, patenana wong iku.”