22. Nabi Elia banjur ngandika marang rakyat iku: “Mung kari aku dhewe kang dadi nabining Pangeran Yehuwah, mangka nabine Baal iku cacahe patang atus seket.
23. Nanging, coba aku padha wenehana sapi lanang loro; nabi-nabi iku cikben milih siji, supaya dipurak lan ditumpangake ing kayune, nanging aja digeneni. Aku iya bakal nyawisake sapi sijine lan banjur daktumpangake ing kayune sarta uga ora dakgeneni.
24. Sawuse mangkono kowe padha nyebuta jenenge allahmu, dene aku uga bakal nyebut asmane Pangeran Yehuwah. Anadene allah kang paring wangsulan sarana geni, yaiku kang jumeneng Gusti Allah!” Rakyat kabeh padha mangsuli, ature: “Inggih prayogi makaten!”
25. Nabi Elia nuli ngandika marang para nabine Baal: “Padha miliha sapi siji lan padha cecawisa dhisik, amarga cacahmu iki akeh. Sawuse mangkono banjur padha nyebuta jenenge allahmu, nanging kowe ora kena ndokoki geni.”