1. Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam nuli tindak menyang ing Sikhem, amarga wong Israel kabeh wus padha nglumpuk ana ing Sikhem prelu njumenengake ratu panjenengane.
2. Bareng Yerobeam bin Nebat krungu warta bab iku -- nalika samana dheweke isih ana ing Mesir, sabab lunga ngungsi mrana, nglungani Sang Prabu Suleman -- banjur enggal-enggal bali saka ing tanah Mesir.
3. Wong-wong banjur kongkonan ngundang, Yerobeam iya nuli teka bebarengan karo wong Israel sapasamuwan kabeh lan banjur munjuk marang Sang Prabu Rehabeam: