1 Korinta 1:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.

4. Aku tansah saos sokur marang Gusti Allahku bab ing ngatase kowe kabeh, awit saka sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang kowe ana ing Sang Kristus Yesus.

5. Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh,

6. laras karo paseksen bab Sang Kristus, kang wus kayektekake ana ing antaramu.

7. Satemah kowe padha ora kekurangan ing bab sadhengah ganjaran, sajrone kowe padha nganti-anti kebabare Gusti kita Yesus Kristus.

1 Korinta 1