1 Korinta 1:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, kang katimbalan dadi rasule Sang Kristus Yesus, awit saka karsane Gusti Allah, lan saka Sostenes, sadulur kita,

2. marang pasamuwane Gusti Allah kang ana ing Korinta, yaiku para kang sinucekake ana ing Sang Kristus Yesus, sarta kang padha katimbalan dadi wong suci, dalah sakehe wong ing ngendi-endi, kang padha nyebut Asmane Gusti kita Yesus Kristus, yaiku Gustine wong-wong mau lan iya Gusti kita.

3. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.

4. Aku tansah saos sokur marang Gusti Allahku bab ing ngatase kowe kabeh, awit saka sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang kowe ana ing Sang Kristus Yesus.

5. Awitdene ana ing Panjenengane, kowe wis padha dadi sugih samubarang, iya sarupaning pitembungan lan sawarnaning kawruh,

6. laras karo paseksen bab Sang Kristus, kang wus kayektekake ana ing antaramu.

7. Satemah kowe padha ora kekurangan ing bab sadhengah ganjaran, sajrone kowe padha nganti-anti kebabare Gusti kita Yesus Kristus.

8. Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.

9. Gusti Allah, kang wus nimbali kowe marang patunggilane Kang Putra Yesus Kristus, Gusti kita, iku setya tuhu.

10. Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.

1 Korinta 1