10. Yeus, Sokhya lan Mirma, iku para putrane, padha dadi kepala kulawangsa;
11. sadurunge iku karo Ibu Husim wus peputra, yaiku Ahitub lan Elpaal.
12. Para putrane Rama Elpaal yaiku Eber, Misam lan Semed; iki kang ngedegake kutha Ono lan kutha Lod dalah sawewengkone.
13. Rama Beria lan Rama Sema iku padha dadi kepalaning kulawangsa pendhudhuk Ayalon; pendhudhuk ing Gat wus padha dilungakake.