15. Kang kaping rolas kanggo ing sasi karolas yaiku Sang Heldai, wong ing Netofa, turune Otniel, dene golongane wonge ana patlikur ewu.
16. Kang dadi kepalane suku-suku Israel yaiku: bani Ruben dipimpin dening Sang Eliezer bin Zikhri; bani Simeon pimpinane Sang Sefaca bin Maakha;
17. kanggo suku Lewi Sang Hasabya bin Kemuel; kanggo tedhake Imam Harun yaiku Imam Zadhok;
18. kanggo suku Yehuda yaiku Sang Elihu, salah sawijine sadhereke Sang Prabu Dawud; suku Isakhar dipimpin dening Sang Omri bin Mikhael;
19. kanggo suku Zebulon yaiku Sang Yismaya bin Obaja; kanggo suku Naftali yaiku Sang Yerimot bin Azriel;
20. kanggo bani Efraim yaiku Sang Hosea bin Azazya; kanggo saparone suku Manasye yaiku Yoel bin Pedhaya;
21. kanggo separone suku Manasye kang ana ing Gilead yaiku Sang Yido bin Zakharia; kanggo suku Benyamin yaiku Sang Yaasiel bin Abner;
22. kanggo suku Dhan yaiku Sang Azareel bin Yeroham. Iku para kepalaning suku-suku Israel.
23. Sang Prabu Dawud ora ngetang cacahe wong kang umure rong puluh taun mangisor, sabab Pangeran Yehuwah wus prajanji, wong Israel bakal kadadekake padha kehe karo lintang-lintang ing langit.
24. Sang Yoab, putrane Sang Zeruya, pancen wus wiwit ngetang nanging ora karampungake, awit marga saka iku wong Israel banjur katempuh ing bebendu; mulane cacahe ora dipengeti ana ing buku sejarahe Sang Prabu Dawud.