1 Babad 27:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene wong Israel, iki pratelane para leluhure kulawangsa, para panggedhening wadya-bala sewu lan wadya-bala satus, tuwin para punggawane kang leladi marang Sang Prabu ing bab sakehe prakara kang gegayutan karo para wong kang tumindak ing gawe lan kang libur ing saben sasi-sasine, ing dalem setaun. Saben sagolongan ana wong patlikur ewu.

2. Kang dadi kepalaning golongan kapisan kanggo ing sasi kapisan yaiku Sang Yasobam bin Zabdiel lan golongane iku wonge ana patlikur ewu.

3. Sang Yosabam iku turune Rama Peres lan dadi tetindhihe sakehing panggedhe ing sasi kapisan.

4. Kang dadi kepalaning golongan ing sasi kapindho yaiku Sang Dodai, wong Ahohi, dene kang mimpin golongane kang wonge ana patlikur ewu iku, yaiku Sang Miklot.

1 Babad 27