1 Babad 24:5-10 Kitab Sutji (JAV)

5. Sabanjure anggone merang-merang iku kalawan nguncalake undhi tanpa kabedak-bedakake, awit turune Imam Eleazar lan turune Imam Itamar ana kang dadi “para pangarep suci” lan “para pangareping Allah,” iku iya turune Eleazar lan iya turune Itamar.

6. Anadene Semaya bin Netaneel, panitrane, sawijining wong Lewi, iku nulisi jeneng-jenenge ana ing ngarsane Sang Prabu, para panggedhe Imam Zadhok, Imam Akhimelekh bin Abyatar lan ana ing ngarepe para lelurahing kulawangsane imam-imam lan wong Lewi. Saben-saben saka trah Eleazar kajupuk kulawangsa siji, mangkono uga saka trah Itamar iya kulawangsa siji.

7. Undhian kang kawitan tumiba marang Imam Yoyarib; kang kapindho marang Imam Yedhaya;

8. kang katelu marang Imam Harim; kang kaping pat marang Imam Seorim;

9. kang kaping lima marang Imam Malkia; kang kaping nem marang Imam Miyamin;

10. kang kaping pitu marang Imam Hakos; kang kaping wolu marang Imam Abia;

1 Babad 24