1 Babad 24:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki golongan-golongan tedhake Imam Harun. Para putrane Imam Harun yaiku Nadab, Abihu, Eleazar lan Itamar.

2. Nanging Imam Nadab lan Imam Abihu anggone tilar-donya luwih dhisik tinimbang kang rama lan ora tilar putra kakung, mulane kang kadunungan kalenggahan imam yaiku Eleazar lan Itamar.

3. Sang Prabu Dawud kabinyantu dening Imam Zadhok saka bani Eleazar lan Imam Akhimelekh saka bani Itamar, nggolong-nggolongake para wong manut kawajibane ing sajrone nindakake tata pangibadah.

4. Nuli kasumurupan, manawa ing antarane turune Imam Eleazar sesirahe golongan luwih akeh tinimbang ing antarane turune Imam Itamar, mulane pamerange mangkene: kanggo bani Eleazar lelurahing kulawangsane ana nembelas, nanging kanggo bani Itamar wolu.

5. Sabanjure anggone merang-merang iku kalawan nguncalake undhi tanpa kabedak-bedakake, awit turune Imam Eleazar lan turune Imam Itamar ana kang dadi “para pangarep suci” lan “para pangareping Allah,” iku iya turune Eleazar lan iya turune Itamar.

1 Babad 24